Ø Perangane Wara-wara
1. Irah-irahan
wara-wara
2.
Adangiyah (Unggah-ungguhe basa kang ngirim wara-wara)
3. Bebuka/pambuka
(Ukara Pambuka wara-wara)
4. Surasa basa/isi (isining wara-wara)
5. Wasana
basa/penutup (perangan/ukara kang kanggo mungkasi atur)
6. Panggenan lan
titi mangsa (tempat lan tanggal)
7. Paprenah (sesambungane
wong kang ngirim karo wong kang dikirimi wara-wara)
8.
Tapak asma (tandha tangan)
9. Nama terang
(jeneng kang nggawe wara-wara)
Ø Syarate wara-wara
- Basa kang digunakake cetha,
gamblang lan gampil dimangerteni
- Isine cekak aos
- Katujokake marang
kelompok/bebrayan tartamtu
- Basane komunikatif (ora ngaya wara
cukup saprelune wae lan nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa
ditampa dening sapa wae kang krungu lan maca).
- Perangane jangkep (wara-wara mau
bisa mangsuli pitakon 5W+1H)
Ø Bedane wara-wara karo pawarta
· WARA-WARA kuwi ngajak
sami nyengkuyung punapa ingkang dipunwartakaken. Sipatipun persuatif(mengajak)
· PAWARTA kuwi mung
ngabaraken pawarta. Sipatipun
informatif(memberi informasi)
Ø Babagan kang wigati ana ing wara-wara
a. Sapa sing nggawe wara-wara kudu
cetha.
b. Kanggo sapa wara-wara kuwi katujokake kudu
cetha
c. Isine wara-wara kudu cetha, jangkep
lan bisa menehi katrangan kang cukup manut
kapreluane